BAB I
PURWAKA
A. Landhesaning Perkara
Ing mata pelajaran Basa Jawa SD ngrembag babagan basa, sastra, lan budaya jawa. Ancasipun piwulang basa jawa inggih menika supados siswa saged (berkomunikasi) ngagem basa jawa ingkang santun saha berbudi pekerti luhur ingkang trep kaliyan budaya Jawa.
Kasusastran inggih menika sajinising tulisan sing duwe arti utawa kaendahan tartamtu Ing babagan kasusastran awujud paribasan, bebasan, saloka, cangkriman saha wangsalan. Paribasan yaiku unen-unen ajeg panganggone tegese wantah ora ngemu surasa pepindhane. Bebasan yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, ngemu surasa pepindhan. Saloka yaiku unen-unen ajeg panganggone ngemu surasa pepindhan kang dipindahake wonge. Cangkriman yaiku unen unen utawa tetembung kang kudu dibatang utawa di bedhek maksude. Wangsalan yaiku unen-unen cangkriman nanging iku dibatang (dibedhek) dhewe ukurane ora persis nanging memper wae.
B. Rancangan Momotan
1. Apa pangertene lan tuladhane Paribasan?
2. Apa pangertene lan tuladhane Bebasan?
3. Apa pangertene lan tuladhane Saloka?
4. Apa pangertene lan tuladhane Cangkriman?
5. Apa pangertene lan tuladhane Wangsalan?
C. Ancasing Makalah
1. Kanggo ngerti pangertene lan tuladhane Paribasan.
2. Kanggo ngerti pangertene lan tuladhane Bebasan.
3. Kanggo ngerti pangertene lan tuladhane Saloka.
4. Kanggo ngerti pangertene lan tuladhane Cangkriman.
5. Kanggo ngerti pangertene lan tuladhane Wangsalan.
BAB II
SURASA
A. Paribasan
Paribasan ana kang sinebut bebasan lan saloka. Diarani bebasan menawa lereging teges nggepok sesipatan utawa kaanan kang sambung rapet karo ulah kridhaning manungso. Diarani saloka menawa lereging teges magepokan karo sing disemoni, disanepani, utawa dipindahake. Paribasan yaiku unen-unen ajeg panganggone tegese wantah ora ngemu surasa pepindhane.
Tuladha Paribasan:
a. Becik ketitik ala ketara.
tegese : becik lan ala bakal ketara ing tembe burine.
b. Gayuk-gayuk tuna.
tegese : samubarang kang dikarepake ora bisa keturutan.
c. Rukun agawe santosa, crah agawe bubrah.
tegese : kerukunan ndadekake kasantosan, congkrah ndadekake karusakan.
d. Adigang, adigung, adiguna
Tegese : ngendelekake kekuatan, keluhuran lan kepinteran
e. Ana gula ana semut
tegese : panggonan sing akeh rejekine, mesti akeh sing nekani
f. keplok ora tombok
tegese : ngrasakake senenge ora cucul wragat
g. criwis cawis
tegese : kakehan omong nanging mrantasi
h. busuk ketekuk, pinter keblinger
tegese : bodho lan pinter cilaka kabeh
i. Jalukan ora wewehan
tegese : gelem jaluk emoh menehi
j. anak polah bapa kepradhah
tegese : wong tuwa nyembadani panyuwune anak
B. Bebasan
Bebasan yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, ngemu surasa pepindhan. Kang dipindhakake kaanan utawa sesipatane wong utawa barang. Wonge uga katut ing sajrone pepindhan nanging kang luwih ditengenake kaanane utawa tindak-tanduke.
Tuladha bebasan:
a. Kocak tandha lukak
tegese : wong kang sugih omong pratandha durung akeh kawruhe
b. Sedhakep ngawe-awe
tegese : wis mareni marang tumindak ala nanging ing bathin isih kepingin nindakake maneh.
c. Ngubak-ngubak banyu bening
tegese : gawe kerusuhan ing papan kang tentrem.
d. Diwenehi ati ngrogoh rempela
tegese : wis diwenehi sethitthik, malah njaluk akeh.
e. Ana daulate ora ono bejane
tegese : Wis arep nemu kabegjan, nanging ora sida
f. Cuplak andheng-andheng ora prenah panggone
tegese : Wong tuwa utawa samubarang kang jalari ala, prayoga disingkirake
g. Dipalangana mlumpat,ditalenana medhot
tegese : Yen wis tinadir (jodoh) kayangapo mesti bakal kelakon
h. Gajah alingan suket teki
tegese : Lahir karo bathine bedha banget, mesti bakal ketara
i. Kegedhen empyak kurang cagak
tegese : Kegedhen kekarepan nanging kurang sembada
j. Ketiban duren
tegese : wong seng nduwe masalah ora enthek-enthek
C. Saloka
Saloka yaiku unen-unen ajeg panganggone ngemu surasa pepindhan kang dipindahake wonge.
Tuladha saloka :
A
1. Ati bengkong oleh oncong – (obor-konco)
- Wong duwe niyat ala oleh dalan
B
1. Baladewa ilang gapite – (jepit wayang)
- Ilang kakuwatane/ kaluhurane
2. Belo melu seton – (malam minggu)
- Manut grubyuk ora ngerti karepe
C
1. Cebol ngayuh lintang
- Gegayuhan kangoka bisane kelakon
2. Cecak nguntal empyak/ cagak
- Gegayuhan kang ora timbang karo kekuwatane
D
1. Dhemit ora ndulit, setan ora doyan
- Tansah diparingi slamet
2. Dom sumuruping banyu
- Laku sesidheman kanggo nyumurupi wewadi
E
1. Emprit abundut bedhug
- Prekara sepele dadi gedhe
2. Endhas gundhul dikepeti
- Wis kepenak isi dienak-enakake
G
1. Gagak nganggo elaring merak
- Wong asor (cilik) tumindak kaya wong luhur
2. Gajah alingan suket teki
- Lair lan batine ora padha bakal ketara
3. Gong lumaku tinabuh
- Wong sing kumudu-kudu ditakoni, dijaluki piwulang
I
1. Idu didilat maneh
- Menehi dijaluki bali (murungake janji kang wis diucapake)
2. Iwak klebu ing wuwu
- Wong sing kena apus kanthi gampang
J
1. Jati ketlusuban ruyung
- Kumpulane wong becik kelebon wong ala tumindake
2. Jaran kerubuhan empyak
- Wis kapok banget
D. Cangkriman
Cangkriman yaiku unen unen utawa tetembung kang kudu dibatang utawa di bedhek maksude. Cangkriman umume kanggo gegojegan. Ana uga cangkriman kang digawe sayembara ing lakon wayang. Cangkriman ana werna-werna yaiku cangkriman wancahan, pepindhan, plesedan (blenderan) lan tembang.
a) Cangkriman kang awujud tembung wancahan (cekakan).
Wancah iku tegese cekak. Wancahan iku kudu dibatang kang disusun seka gatra kang ana.
Tuladha:
Pakboletos : tapak kebo ana lelene satus
Karwapete : dhokar dawa tipete (tilase)
Kabaketan : nangka tiba neng suketan
Burnaskopen : bubur panas kokopen
Pothel ledi : tompo cemanthel thole wedi
b) Cangkriman kang awujud pepindhan utawa irib-iriban.
Cangkriman menika kang awujud kang memper kaya kanyatane.
Tuladha:
Sega sakepal dirubung tinggi : salak
Pitik walik saba kebon : nanas
Emboke dielus-elus, anake diidak-idak : andha
Dicakot pucuke sing kalong bongkote : rokok
Bocah cilik tlusup neng kebo : dom
Wit adhikih who adhakah : waloh
Wit adhakah who adhikih : ringin
c) Cangkriman kang awujud plesedan utawa blenderan.
Cangkriman blenderan iki cangkriman ingkang sejatine ukara pranyatan kang bisa gawe
Tuladha:
Wong adol pitik disrimpung (sing disrimpung iku pitike, dudu wonge)
Wong adol krambil dikrepuki (sing dikrepuki iku krambile, dudu wonge)
Wong adol tempe ditaleni
Wong adol bayem diuntingi
Wong adol tempe diidak-idak
Wong adol mbako diambungi
d) Cangkriman kang awujud tembang
Tuladha:
Tembang Pucung
Bapak pucung, renteng-renteng kaya kalung,
dawa kaya ula,
pencokanmu wesi miring
sing disaba si pucung mung turut kutha (sepur)
Bapak pucung dudu watu dudu gunung
sangkamu ing Plembang
ngon ingone sang Bupati,
yen lumampah si pucung lembehan grana (gajah)
E. Wangsalan
Wangsalan yaiku unen-unen cangkriman nanging iku dibatang (dibedhek) dhewe ukurane ora persis nanging memper wae. Wangsalan ana kang wujud ukara lumrah, ukara edi peni, lan arupa tembang.
1. Kang wujud ukara lumrah
Nyaron bumbung, nganti cengklungen nggonku ngenteni
Saron bumbung : angklung
Balung jagung sampun ketanggelan
Balung jagung : janggel
Sarung jagung, bobot timbang ana kowe
Sarung jagung : klobot
Balung geni, mbok menawa dolan mrene
Mbalung geni : mawa
Bebek alit kok wira-wiri ana apa ta?
Bebek alit : meri
Mrica kecut togna bae sauna-unine
Mrica kecut : wuni
2. Kang wujud ukara edi peni
Ancur kaca, kaca kocak, munggwing netra
Wong wruh rasa, tan manak ing tata karma
(ancur kaca : rasa, kaca, kocak munggwing netra: tesmak.
Carane wreksa, wreksa wilis tanpa patra
Ora gampang wong urip ing alam donya
(carang wreksa : pang)
(wreksa wilis tanpa patra : wit kayu urip)
Kolik priya, wanara Anjani putra
Tuhu eman, wong anom wedi kangelan
(kolik priya : tuhu, wanara Anjani putra : anoman)
Yaksa dewa, dewa dewi lir danawa
Kala mudha, bangkit ambegas durmaga.
(yeksa dewa : Nethara Kala)
(dewa dewi lir danawa : Bethari Durga)
Roning kamal, putrane Pnadhita Durna
Mumpung enom, ngudia laku utama
(ron kamal : sinom, putrane Pandhita Durna : Aswatama)
Witing kalapa jawata ing ngarcapada
Salugane, wong sinau aja sembarana
(wit klapa : glugu, jawata ing ngarcapada : wong)
Kapi jarwa pethekku mangsa wurunga
(kapi : kethek)
Kukus gantung, sawangane kok bingung
(kukus gantung : sawang)
Reca kayu golekana kang satuhu
(reca kayu : golek)
Wohing tanjung, becik njunjung bapa biyung
(wohing tanjung : kecik)
Roning mlinjo sampun sayah mangga ngaso
(ron mlinjo : so)
3. Kang arupa tembung
Pangkur
Jirak pindha munggwing wana
Sayeng kaga we rekta kang muroni
Sinambi kalaning nganggur
Wastra tumprap mustaka
Pangikete wangsalan kang sekar pangkur
Baon sabin ing nawala
Kinarya langan pribadi
Batangangane:
Jirak pindha munggwing wana : wit kesambi
Sayeng kaga : piranti kanggo nyekel manuk (kala)
We rekta kang muroni (mendhemi) : anggur
Wastra tumrap mustaka : iket
Baon sabin : karya
Kinanthi
Kinanthi linging pitutur,
kenthang rambat menyan putih,
awasna dipun pratela,
noleha wiranging wuri,
cecangkok wohing kalapa,
kang dadi pathokingh uri
- Kenthang rambat : telo
- Menyan putih : wlirang
- Cecongkak wohing kala : bathok
BAB III
PANUTUP
A. Dudutan
Ing babagan kasusastran awujud paribasan, bebasan, saloka, cangkriman saha wangsalan. Paribasan yaiku unen-unen ajeg panganggone tegese wantah ora ngemu surasa pepindhane. Bebasan yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, ngemu surasa pepindhan. Saloka yaiku unen-unen ajeg panganggone ngemu surasa pepindhan kang dipindahake wonge. Cangkriman yaiku unen unen utawa tetembung kang kudu dibatang utawa di bedhek maksude. Wangsalan yaiku unen-unen cangkriman nanging iku dibatang (dibedhek) dhewe ukurane ora persis nanging memper wae.
B. Pamrayogi
1. Guru SD wajib nyinauni Bahasa Jawa ingkang utawa bab kasusastran.
2. Guru iku saged migunakake bab kasusastran ingkang bener
KAPUSTAKAN
Katminingsih, Eka dan Yuniah Miftahul Jannah. 2011. Kamus Bahasa Jawa Kanggo Sekolah SMP/MTS. Sidoarja : Dunia Ilmu.
Maulana, Angger dan Muhammad Abi Tofani. 2014. Kawruh Basa Jawa Pepak. Surabaya : Nindya Pustaka
*Sumber: https://www.academia.edu/37557169/Makalah_Bahasa_Jawa
0 Komentar untuk "Makalah Bahasa Jawa"